Minggu, 16 April 2017

ketawang subokastowo laras pelog pathet nem

buko :   .. 62  2625  .1. 6  . 1. 5

.  1 . 6   . 1 . 5   .  1 . 6   . 1 . 5  
. 2 . 1   . 6 . 5   . 2 . 1    . 6 . 5
. 2 . 1   . 6 . 5   . 2 . 1    . 6 . 5
. 2 . 1   . 2 . 6   . 2 . 1    . 6 . 5
*
angripta rengganing gunung
-lambang e jurang e
yen kadulu saking tebih,
warna biru maya maya
-watune alase
kang jenar sinawur wilis
e e gawe lam lam ing paningal
lho lho suwe suwe nanduki rasa respati
**
goprak panggusahing manuk
-prag prag prag swarane
mangka rerengganing sabin
nggenteyong memedi sawah
-yut siyut ting monting
sinendhal katarik angin
e e pranyata banget piguna
lho lho suwe suwe agawe girising peksi
***
tandur subur banyu mancar
-sor sor cik kricik
angelepi sabin sabin
pra tani anggula wentah
-net net net dhet dhet dhet
galengan ginala giling
e e wimbuh lawuh tuwuh sawah
lho lho suwe suwe yuyu welut kodhok wilis
****
pinancing pancing sinuluh
-pret cepret yot theyot
wader cethul anguntuli
prapangon bebek lan mendho
-long tholong gitik e
agawe nuding anggiring
e e aneng dhadhah pinggir marga
lho lho  jenak tancep pjnggir marga
umpak
E endah temen megane putih memplak manyungi gunung gunung  lho lho.
pancurane katon banyune bening.
-mili mintir ing sawah tan ana cicir
pari jagung  ketela pohong
-kacange canthele grojogane sor sor
sah sah anggusah ngetak manuk per per
per kleper manuke mabur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar