Selasa, 18 April 2017

Macapan yaiku dhapukaning basa mawa paugeran  (guru gatra,guru wilangan lan guru lagu) tinamtu lan anggone maca kudu dilagokake nganggo kagunan swara.
·         Guru gatra          : cacahing gatra  (ukara/larikan)  saben sapadha
·         Guru wilangan    : cacahing wanda saben gatra
·         Guru lagu           : unine aksara ing wanda pungkasan saben gatra
1.       Paugerane Tembang Macapat 
      Paugeran tembang macapat iku kebagi dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.
No
Asmaning Sekar
Guru Lagu lan Guru Wilangan
I
II
III
IV
V
VI
VII
VIII
IX
X
1
Pocung
12u
6a
8i
12a
2
Maskumambang
12i
6a
8i
8a
3
Megatruh
12u
8i
8u
8i
8o
4
Gambuh
7u
10u
12i
8u
8o
5
Kinanthi
8u
8i
8a
8i
8a
8i
6
Mijil
10i
6o
10e
10i
6i
6u
7
Durma
12a
7i
6a
7a
8i
5a
7i
8
Asmaradana
8i
8a
8e/8i
8a
7a
8u
8u
9
Pangkur
8a
11i
8u
7a
12u
8a
8i
10
Sinom
8a
8i
8a
8i
7i
8u
7a
8i
12a
11
Dandhang Gula
10i
10a
8e/8i
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a

Contoh Tembang Pocung (12u – 6a – 8i – 12a)
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekesing dur angkara

Contoh Tembang Maskumambang ( 12i – 6a – 8i – 8o )
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang

Contoh Tembang Megatruh (12u – 8i – 8u – 8i – 8o)
Kabeh iku mung manungsa kang pinujul
Marga duwe lahir batin
Jroning urip iku mau
Isi ati klawan budi
Iku pirantine ewong

Contoh Tembang Gambuh (7u – 10u – 12i – 8u – 8o)
Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon

Contoh Tembang Mijil (10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o)
Dedalanne guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun

Contoh Tembang Kinanthi (8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i)
Kukusing dupa kumelun
Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati

Contoh Tembang Asmarandana (8i – 8a – 8e – 7a – 8a – 8u – 8a)
Lumrah tumrap wong ngaurip
Dumunung sadhengah papan
Tan ngrasa cukup butuhe
Ngenteni rejeki tiba
Lamun tanpa makarya
Sengara bisa kepthuk
Kang mangkono bundhelana

Contoh Tembang Durma (12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i)
Ayo kanca gugur gunung bebarengan
Aja ana kang mangkir
Amrih kasembadan
Tujuan pembangunan
Pager apik dalan resik
Latar gumelar
Wisma asri kaeksi

Contoh Tembang Pangkur (8a – 11i – 8u – 7a – 8i – 5a – 7i)
Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.

Cheap Offers: http://bit.ly/gadgets_cheap

 Mingkar-mingkuring ukara
(Membolak-balikkan kata)
Akarana karenan mardi siwi
(Karena hendak mendidik anak)
Sinawung resmining kidung
(Tersirat dalam indahnya tembang)
Sinuba sinukarta
(Dihias penuh warna )
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
(Agar menjiwai hakekat ilmu luhur)
Kang tumrap ing tanah Jawa
(Yang ada di tanah Jawa/nusantara)
Agama ageming aji.
(Agama “pakaian” diri)

Contoh Tembang Sinom (8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a)
Punika serat kawula
Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindo takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit mungging driji
Lamun sida aja lali kalih kula

Contoh tembang dhandanggula (10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a)
Sinengkuyung sagunging prawali
Janma tuhu sekti mandra guna
Wali sanga nggih arane
Dhihin Syeh Magrib tuhu
Sunan ngampel kang kaping kalih
Tri sunan bonang ika
Sunan giri catur
Syarifudin sunan drajat
Anglenggahi urutan gangsal sayekti
Iku ta warnanira


Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.

Cheap Offers: http://bit.ly/gadgets_chea

Tidak ada komentar:

Posting Komentar